JERANE SEGARAMU
Dening :
Linda Dwi Cahyo
“ Dadi wong tuwa kaya ibu ngene iki
pancen kudu dawa ususe, jembar dhadhane, akeh pangapurane sing luwih marang
anak anake. Ora mentala ibu iki yen weruh kangmasmu kuwi bali kanthi nggawa
anak lan bojone njaluk ngapura ngono kuwi.”
“Bener sanget, bu. Nanging kangmas
kuwi wis tega nggadheake sawah. Donya kang semana akehe, hakku bereng melu
kadol entek dienggo royal- royalan nganti Bapak mati ngenes ngana kuwi, lah kok
saiki mrene mergaa wis mlarat ora nduwe ndhuwit sepeserna meksa supaya ditampa
ing omah iki.”
“eeee alah Darna anakku, senadyan kaya
piye maneh kangmasmu Budi iku isih tetep kangmasmu. Tega kowe yen kangmasmu
urip nuntun anak lan bojone karo ngathongake tangan njaluk, ngemis-ngemis
marang wong lewat. Tego kowe yen weruh kangmasmu lan anak bojone udan ya
kodanan, yen panas ya kepanasen, turu ana ing emperan toko ? ya wis ngene iki,
yen dadi wong tuwa kuwi, ora bisa metalanan yen wis karo anake dhewe.”
“ Ibu iki pancene ora adil ya marang
aku. Mbiyen aku nembung ngadhol sawah sing dadi bagianku, kanggo ngleboni
polisi ora ibu olehi, lah saiki malah wis dientekake kang Budi kabeh ora ana
sisane. Aku ngrewangi nggarap sawah wis
ora etung etungan. Wis tak rewangi dadi buruh nukang kanggo nyukupi urip iki.”
“ iya le, Ibu ngerti. Yen kowe lak
saben dina wis kumpul karo Ibu, wis nisa nyandhangi anak lan bojomu, lan liyan
liyane wis karo Ibu. Lha nek kangmasmu piyee le ??!!”
“ kabeh kuwi, Bu. Salahe kangmas
dhewe. Mbiyen sapa sing ngongkon minggat lan nyolong nyolong sertifikat sawah
kanggo digadekake. Jarene kanggo modhal, endi nyatane ya kok mung dienggo foya
foya tok.” Swarane Darna kang mangkel.
Omong omongan kuwi mandheg tekan kana.
Darna meneng ora wangsuli maneh omongane ibune. Darna ora mentala nyalahake
ibune sing wis tuwa kuwi. Tinimbang, dadi loro atine Ibuke, Darna banjur milih
lunga sawetara.
Rembulan isih ndelik ing jagad, mung
ana lintang sijiloro lan telu sing ana ing langit bengi iki. Godhong ing ngarep
omah kemrosak keterak bantere angin. Swarane jangkrik kang ngerik. Codhot sing
pating cruwit rebutan jambu lan padha rontok jeblok mbalasah ing ngarepe omah.
Ing kahanan swasana kaya bengi iki,
Ibu Budi lan Darna dadi kelingan
kedadeyan sewelas taun kepungkur. Nalikane Budi sing anak mbarepe pamit arep
menyang Bali. Ora ngira yen lungane Budi
kuwi karo nggawa sertifikat sawah lan di mentala di gadhekake menyang rentenir,
amarga ditagihi rentenir banjur Bapake Budi lan Danar kuwi mati amarga ngenes ngerasake
uripe.
Saka kabare kancane Darna sing mergawe
ing Bali kuwi. Yen Budi nggadhekake sawah dienggo rabi lan ngontrak omah, lan
sisane dienggo mangan turu saben dina.
“ kang Budi, dikabari yen Bapak wis
ora ana, kok ya ora bali. Nalika ing desa banjir gedhe dhek biyen kae kok ya
ora nakoke kepriye nasibe Ibu, mati katut banjir opo ora. Ya ora ana takonmu
kang ? kowe kuwi sakjane wong sing modhel piye, coba jawab kang ?” takone Darna
marang kakange Budi rikala ngeterna ibune nggoleki omahe Budi. Ngerti alamat
omahe Budi yaiku saka kancane sing mergawe ing Bali.
“Nek yen tekanmu kuwi mung nyalah
nyalahna aku wae, luwih apik yen awakmu ndhang balia kana.”
“ Aku ora nyalahake nanging aku mung
ngelingake awakmu, kang Budi.”wangsulane Darna marang kangmase.
“ Ibu iki kangen marang awakmu, anakku.
Ibu ya kepengin weruh anak lan bojomu. Lah
ning endi anak lan bojomu kok ya ora mbok kenalke Ibu ?” Ibu banjur nengahi anake loro wau sing padha padon.
“ Anak lan bojoku ora ana ing omah.
Padha lunga ing luar kutha.” Wangsulane Budi marang Ibuke.
“ E, jenenge Ibumu kuwi. Kepengin
ngerti kabare anake. Anake ing kene mangan apa ora, nyandhang apa ora, uripe
kepenak apa ora. Kuwi sing jenenge Ibu, anakku.” Sambunge Ibu’e Budi lan Darna.
“ wis ya ora usah mikirna aku, Bu. Aku
arep ana mangan apa ora, ana sing tak gawe sandhang apa ora, lan uripku kepenak
apa orane, ora ana urusane karo Ibu. Luwih apik ndhang ngurusi urip uripe dhewe
dhewe lan saiki balia menyang desa kana !”
Weruh wangsulan anake sing mbare kuwi
kaya ana sing nusuk ing njero atine. Ibune mung bisa mbrebes mili nangisi anak
mbarepe.
“ Timbang kang Budi wis ora kena
diomongi, ayo ndhang bali wae menyang desa, Bu.” Sak banjure kuwi Darna nuntut
Ibune metu saka omahe Budi bali menyang desa kanthi nggawa ati kang rojah
rajeh.”
Bebarengan anggone ambegan lan Budi
sing mbuyarake lamunane Ibu’e kuwi. “ Aku ngerti Bu, yen Darna ora gelem nek
aku bali ning omah iki. Aku krungu rembungane Ibu kaliyan Darna. Aku ngaku
salah, Bu.”
“Anak lan
bojomu wis padha turu ta, le ?”
“ Wis
padha turu, Bu.”
“eeee....lha
ya to le.....le “
“Bu,
timbang Darna ora ikhlas yen aku bali ing kene luwih apik aku tak lunga maneh
wae ?”
“ Budi
anakku ora apa apa yen kowe enek ing kene. Kowe iki ya anak mbarepku padha karo
Darna. Nek awakmu arep lunga maneh, arep manggon menyang endi, le ? wis ora
usah mikir aneh aneh ngesakna anak lan bojomu. Wis ta , le senadyan urip
ingdesa yen kowe gelem serabutan ora ora nek awakmu lan kluargamu ora bisa
mangan.”
“ Ya, Bu.
Aku nurut kaliyan nasihate Ibu”
Sakbanjure kuwi Darna wis bisa nerima
kangmase kuwi kanthi ikhlas ati. Ibu’ e Darna lan Budi nduweni ati kang ayem
kebak rasa panuwun marang Gusti Allah
kang wis balikake anak mbarepe, ngrukunake anak anake,. Pancen sing jenenge Ibu
kuwi, paribasane tega larane ora tega patine,eee..... senadyan di larani atine
kanthi bolak balik nanging isih gelem menehi pangapura lan nampa baline. Ibu
kuwi ora tega lan ora lila yen anak anake
bakal urip kang susah lan kekirangan napa mawon.