Sabtu, 07 Oktober 2017

JERANE SEGARAMU

JERANE SEGARAMU
Dening : Linda Dwi Cahyo
          “ Dadi wong tuwa kaya ibu ngene iki pancen kudu dawa ususe, jembar dhadhane, akeh pangapurane sing luwih marang anak anake. Ora mentala ibu iki yen weruh kangmasmu kuwi bali kanthi nggawa anak lan bojone njaluk ngapura ngono kuwi.”
          “Bener sanget, bu. Nanging kangmas kuwi wis tega nggadheake sawah. Donya kang semana akehe, hakku bereng melu kadol entek dienggo royal- royalan nganti Bapak mati ngenes ngana kuwi, lah kok saiki mrene mergaa wis mlarat ora nduwe ndhuwit sepeserna meksa supaya ditampa ing omah iki.”
          “eeee alah Darna anakku, senadyan kaya piye maneh kangmasmu Budi iku isih tetep kangmasmu. Tega kowe yen kangmasmu urip nuntun anak lan bojone karo ngathongake tangan njaluk, ngemis-ngemis marang wong lewat. Tego kowe yen weruh kangmasmu lan anak bojone udan ya kodanan, yen panas ya kepanasen, turu ana ing emperan toko ? ya wis ngene iki, yen dadi wong tuwa kuwi, ora bisa metalanan yen wis karo anake dhewe.”
          “ Ibu iki pancene ora adil ya marang aku. Mbiyen aku nembung ngadhol sawah sing dadi bagianku, kanggo ngleboni polisi ora ibu olehi, lah saiki malah wis dientekake kang Budi kabeh ora ana sisane. Aku ngrewangi nggarap  sawah wis ora etung etungan. Wis tak rewangi dadi buruh nukang kanggo nyukupi urip iki.”
          “ iya le, Ibu ngerti. Yen kowe lak saben dina wis kumpul karo Ibu, wis nisa nyandhangi anak lan bojomu, lan liyan liyane wis karo Ibu. Lha nek kangmasmu piyee le ??!!”
          “ kabeh kuwi, Bu. Salahe kangmas dhewe. Mbiyen sapa sing ngongkon minggat lan nyolong nyolong sertifikat sawah kanggo digadekake. Jarene kanggo modhal, endi nyatane ya kok mung dienggo foya foya tok.” Swarane Darna kang mangkel.
          Omong omongan kuwi mandheg tekan kana. Darna meneng ora wangsuli maneh omongane ibune. Darna ora mentala nyalahake ibune sing wis tuwa kuwi. Tinimbang, dadi loro atine Ibuke, Darna banjur milih lunga sawetara.
          Rembulan isih ndelik ing jagad, mung ana lintang sijiloro lan telu sing ana ing langit bengi iki. Godhong ing ngarep omah kemrosak keterak bantere angin. Swarane jangkrik kang ngerik. Codhot sing pating cruwit rebutan jambu lan padha rontok jeblok mbalasah ing ngarepe omah.
          Ing kahanan swasana kaya bengi iki, Ibu Budi lan Darna  dadi kelingan kedadeyan sewelas taun kepungkur. Nalikane Budi sing anak mbarepe pamit arep menyang Bali. Ora ngira  yen lungane Budi kuwi karo nggawa sertifikat sawah lan di mentala di gadhekake menyang rentenir, amarga ditagihi rentenir banjur Bapake Budi lan Danar kuwi mati amarga ngenes ngerasake uripe.
          Saka kabare kancane Darna sing mergawe ing Bali kuwi. Yen Budi nggadhekake sawah dienggo rabi lan ngontrak omah, lan sisane dienggo mangan turu saben dina.
          “ kang Budi, dikabari yen Bapak wis ora ana, kok ya ora bali. Nalika ing desa banjir gedhe dhek biyen kae kok ya ora nakoke kepriye nasibe Ibu, mati katut banjir opo ora. Ya ora ana takonmu kang ? kowe kuwi sakjane wong sing modhel piye, coba jawab kang ?” takone Darna marang kakange Budi rikala ngeterna ibune nggoleki omahe Budi. Ngerti alamat omahe Budi yaiku saka kancane sing mergawe ing Bali.
          “Nek yen tekanmu kuwi mung nyalah nyalahna aku wae, luwih apik yen awakmu ndhang balia kana.”
          “ Aku ora nyalahake nanging aku mung ngelingake awakmu, kang Budi.”wangsulane Darna marang kangmase.
          “ Ibu iki kangen marang awakmu, anakku. Ibu ya kepengin weruh anak lan bojomu. Lah  ning endi anak lan bojomu kok ya ora mbok kenalke Ibu ?” Ibu  banjur nengahi anake loro wau sing padha  padon.
          “ Anak lan bojoku ora ana ing omah. Padha lunga ing luar kutha.” Wangsulane Budi marang Ibuke.
          “ E, jenenge Ibumu kuwi. Kepengin ngerti kabare anake. Anake ing kene mangan apa ora, nyandhang apa ora, uripe kepenak apa ora. Kuwi sing jenenge Ibu, anakku.” Sambunge Ibu’e Budi lan Darna.
          “ wis ya ora usah mikirna aku, Bu. Aku arep ana mangan apa ora, ana sing tak gawe sandhang apa ora, lan uripku kepenak apa orane, ora ana urusane karo Ibu. Luwih apik ndhang ngurusi urip uripe dhewe dhewe lan saiki balia menyang desa kana !”
          Weruh wangsulan anake sing mbare kuwi kaya ana sing nusuk ing njero atine. Ibune mung bisa mbrebes mili nangisi anak mbarepe.
          “ Timbang kang Budi wis ora kena diomongi, ayo ndhang bali wae menyang desa, Bu.” Sak banjure kuwi Darna nuntut Ibune metu saka omahe Budi bali menyang desa kanthi nggawa ati kang rojah rajeh.”
          Bebarengan anggone ambegan lan Budi sing mbuyarake lamunane Ibu’e kuwi. “ Aku ngerti Bu, yen Darna ora gelem nek aku bali ning omah iki. Aku krungu rembungane Ibu kaliyan Darna. Aku ngaku salah, Bu.”
“Anak lan bojomu wis padha turu ta, le ?”
“ Wis padha turu, Bu.”
“eeee....lha ya to le.....le “
“Bu, timbang Darna ora ikhlas yen aku bali ing kene luwih apik aku tak lunga maneh wae ?”
“ Budi anakku ora apa apa yen kowe enek ing kene. Kowe iki ya anak mbarepku padha karo Darna. Nek awakmu arep lunga maneh, arep manggon menyang endi, le ? wis ora usah mikir aneh aneh ngesakna anak lan bojomu. Wis ta , le senadyan urip ingdesa yen kowe gelem serabutan ora ora nek awakmu lan kluargamu ora bisa mangan.”
“ Ya, Bu. Aku nurut kaliyan nasihate Ibu”

          Sakbanjure kuwi Darna wis bisa nerima kangmase kuwi kanthi ikhlas ati. Ibu’ e Darna lan Budi nduweni ati kang ayem kebak rasa panuwun  marang Gusti Allah kang wis balikake anak mbarepe, ngrukunake anak anake,. Pancen sing jenenge Ibu kuwi, paribasane tega larane ora tega patine,eee..... senadyan di larani atine kanthi bolak balik nanging isih gelem menehi pangapura lan nampa baline. Ibu kuwi ora tega lan ora lila yen anak anake  bakal urip kang susah lan kekirangan napa mawon. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar